Tolong ubah lirik tembang gambuh,tema tentang keluarga
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban claramatika
Mata pelajaran: bahasa daerah (Jawa)
Kelas: XI SMA
Kategori: tembang macapat
Kata kunci: gambuh, Ibu, biyung
Jawaban:
Tembang gambuh kanthi tema keluarga
Ayo para sedulur (7u)
Bekti bapa uga bekti biyung (10u)
Andhum tresna tepa slira kakang adhi (12i)
Supaya kluarga utuh (8u)
Urip tentrem kang sayektos (8o)
Pembahasan:
Tembang macapat kang uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sak pada. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (kecap) saben sak gatra. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat ana 11 yaiku:
Maskumambang, Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung.
Ciri-cirine tembang macapat yaiku :
1. Gunakake pathokan guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
2. Basane nganggo basa Jawa enggal.
3. Bisa ditembngke tanpa iringan gendhing.
Gunane tembang macapat yaiku :
1. Kanggo bawa tembang utawa ngiringi gendhing.
2. Kanggo ngarang kapustakaan Jawa.
3. Kanggo lagu pengiring kethoprak utawa wayang wong.
4. Kanggo parikan utawa dhagelan.
Tembang gambuh kalebu salah sijining tembang macapat kang duwe aturan guru wilangan lan guru lagu 7u, 10u, 12i, 8u, 8oIng dhuwur mau contho tembang gambuh kanthi tema keluarga. Inti tembung ing dhuwur ngajak rukun anggota kluarga supaya urip tentrem, bagya mulya.